KEBACUT TRESNA
(Dening: Gilang Oktario Putranto)
Aku ora ngerti kenapa rasa iki bisa teka, lan kapan rasa iki bisa ilang?
Bisa wae iki tresna kapisanku, nanging bisa uga iki mung cinta monyet. Iki kabeh amarga umurku sing isih remaja, wektu iku umurku
isih 14 taun.
Bruuukk ....
“Sorry-sorry
aku ora njarak”
Sautku karo ngrewangi nglumpukake
kertas sing tiba ing lemah. Pas aku ngerti sing tak tabrak kuwi Ridha, aku
kaget. Soale sing tak tabrak kuwi wong sing wis suwi tak senengi.
“Iya, gakpapa kok”. Balese Ridha
“Hehehe, sorry mau aku kesusu, soale aku durung garap PR”.
“Iya, santai wae. Wis kana ndang mlebu
kelas, bar iki arep bel masuk”
Bar iku, aku langsung mlayu ning kelas
lan langsung nggarap PR Basa Jawa sing durung tak garap. Maklum wae, aku durung
nggarap PR amarga bengine dolanan PS, dadi ya kelalen yen Basa Jawa ana PR.
Wektu papasan karo Ridha mau, aku
sabenere salting amarga tatapan karo
wonge. Aku uga ngrasa yen wonge ngerti menawa tingkahku mau rada aneh.
Mbiyen nalika kelas 9, aku karo Ridha
tau dadi kanca sakelas. Dheweke karo aku kekancan raket. Nanging, nalika aku
pisah kelas lan aku lagi mempeng sinau babagan agama, aku dadi sadar yen cah
lanang ora oleh cedhak-cedhak karo cah wadon sing dudu muhrime. Wiwit iku aku
mulai njaga jarak karo dheweke.
“Lang, aku oleh takon?” Pitakone Anan
“Iya, apa?” Balesku
“Kuwe isih duwe PIN BBMe Ridha?” Saute
Anan
“Isih kok” Balesku
“Aku njaluk ya?” Semaure Anan
“Iya gakpapa kok, iki lho” Saurku karo
menehake hapeku sing wis kebuka PIN BBMe Ridha.
Aku mung bisa mbatin karo mbateg lara
ati. Sabenere aku ora lila yen Anan nyedaki Ridha, amarga aku uga isih nyimpen
rasa marang Ridha.
Sawise kuwi, Anan saya cedhak karo
Ridha, malah sansaya rakét. Aku kudu sabar lan tegar, apamaneh yen ngelingi
menawa Ridha kuwi dudu sapa-sapaku, mung kancaku tok.
Pirang-pirang sasi wis kepungkur, tak
gatekake Anan lan Ridha tambah akrab, aku uga ora ngerti apa kekarone saiki wis
pacaran apa durung.
Pas aku mlaku ngubengi sekolahan, aku
ora njarak krungu yen Anan karo Ridha saiki statuse wis mundhak dadi pacaran.
Keprungu kabar mangkono aku langsung mlayu nang kelas kanggo nggoleki Anan.
“Kowe wis pacaran karo Ridha, Nan?”
Pitakonku
“Iya, lagi mau bengi” Balese Anan
Krungu saurane Anan kaya mangkono
atiku rasane langsung makjleb lara banget. Nanging aku kudu tegar ora oleh
ngetokake rasa kuciwaku.
“Wahhhh, aja lali pajeke ya?” Balesku
“Hahaha, tenang wae” Saute Anan karo
ngguya-ngguyu.
Saka prastawa iku, aku kudu sabar lan
nrima yen Anan saiki pacaran karo Ridha. Aku mung bisa pasrah lan introspeksi
dhiri yen aku pancen ora beja lan ganteng kaya Anan.
*Gilang Oktario Putranto menika siswa Kelas XII
TP 1
Angkatan 2014-2015
SMK WISUDHA KARYA KUDUS